Selasa, 01 Januari 2013

Guyon Jowo

Iseng" aku coba buat entri ini men,smga bsa mnghbur bro n' sist sklian \m/ Couple Budeg Critane sardot ngenalke pacare sing jenenge juminten karo sodron.. Sardot : "dron kenalno iki pacarku jenenge juminten..piye dron bocahe ayu po ora?? " Sodron : "ancen pinter kowe dot olihe golek pacar..bocahe ayu tur lemu.." Sardot : "sopo sing bakul jamu.. kowe ojo ngece karo pacarku, pacarku iku kerjo dadi kasir..ngerti ora !!?" Sodron : "woalah dot dot..kuping yahono yahene kok ora bolong-bolong.." Sardot : "sopo sing wong gemolong?? Pacarku iku wong Purwodadi..aku suwe suwe stres dewe lho dron ngomong karo kowe tapi ora tau nyambung.." Sodron : "sing ora nyambung iku kowe PEKOK !!!!" Sardot : "dingaren kowe gelem towo-towo ROKOK. Lha ndi rokok'e..." Sodron sing wis jengkel njur ngomong karo juminten.. Sodron : "eh jum daripada kowe duwe pacar sardot mendingan kowe dadi pacarku wae. Sardot iku kan wonge BUDEG??" Juminten :"sampean ojo gumun mas..ancen mas sardot iku senengane Jangan GUDEG..." Sodron : "wooo jangkrik..jubule wis setelane tow..." Sardot & Juminten : !#$!%@#@^%$^&%$*&^ Salah Kiro Critane Juminten ki nduwe roso seneng karo Sardot, tapi ditunggu seko mongso rendeng,.ketigo tekan rendeng maneh kok Sardot durung nembak dekne..(waduh kok ngenes temen jum) Sore iku Juminten lagi jagongan karo Sardot.. podho ngopo yo? monggo dicek . . . Sardot : "jum.." Juminten : "opo mas?" Sardot : "aku ngesir cewek ki.." Juminten : "hah? Tenane mas? Selamat yo! Sopo cewek sing sial kuwi?" Sardot : "lah..kok malah ngece to..iki tenanan jum.." Juminten : "hahaha..iyo..iyo mas.. Lha kuwi bocah endi mas?" Sardot : "cewek kuwi sak deso karo kowe jum.." Juminten : "lho.. Kudune aku yo kenal.. Omahe sing endi mas?" Sardot : "neng ngarep omahe ono wit pelem..hehehe" Juminten : "halah..ngarep omahku yo ono wit pelem-e lho mas..xixixi" Sardot : "omahe wernane biru.. Hehehe" Juminten : "aduh..kok iso podho sih mas? Omahku kan yo biru mas..xixixi.." Sardot : "neng latare kebak telek pitik..." Juminten : "maaass njelehi aah...khan pitikku akeh mas.. Ciri-cirine wonge piye mas xixixi?" Sardot : "wonge rambute lurus dowo..hehehe" Juminten (ngelus-elus rambut dowo-ne) : "maaass..jo guyon tow..ah.." Sardot : "wong iki rupane mirip banget karo awakmu jum.. Hehehe.." Juminten (ngucel-ucel raine dewe) : "adauww..maaaasss... Sopo to wonge?..xixixi.." Sardot : "wong kuwi... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ....IBUMU jum... hehehe..." . . *juminten nyakar nyakar dalan IBU DUAAAR KROMPYAAANG!!! Juminten : "AKU ORA KUAT URIP KARO PEAN MAS.. ora kuat tenan..!!" Sardot : "nesu yo nesu tapi mbok ojo mbatingi piring, gelas,sendok,termos,magic jar,kursi,lemari,dipan,pitik,wedus,kurungan manuk,anak lanang,anake tanggane,bakul janganan,tukang kredit panci,bank tithil,pak RT,pak RW,pak...." Juminten : "MAAASS..!! AKU SERIUS IKI !!" Sardot : "ciyuss?? Miapah??" Juminten : "suwi suwi tak plathok arit tenan pean..!!" Sardot : "ayu ayu kok galak neni jum..jum.. Yo wes karepmu piye?" Juminten : "daripada ngene terus,.aku ameh bali wae neng IBUku mas..!" Sardot : "hah?? Purik?? Yo wes lah podho..aku yo ameh bali neng IBUku.." Juminten : "lho.. Terus anake dewe sing cacahe limang ler ki melu sopo?" Sardot : "rasah dipikir jum.. bocah-bocah iki... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ....khan yo duwe IBU ??" . . *juminten mbanting awake dewe Semoga bsa trhbur :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar